Powered by Blogger.
RSS
Container Icon

Puisi Bahasa Jawa

Zaman Keblinger
-->
Oleh Sri Yanti
Seiring obahe jaman
Segalane katah ingkang robah
Sedayane ingkang robah kalebet ning raose manungsa
Perkembangan ingkang wonten niki
Pun damel kiyambak luwih inggil ketimbang sosiali sareng sedaya menusa
Pundi rasa kemanusaan ingkang bengen reket? Pundi welas asih niku? Taksi wonten boten luwie, lur?
Teras, diimbuh sareng wontene
Jalma-jalma pengenggar saged ngrampas perhatian masyarakat sedanten
Tiang-tiang ingkang damel para pengenggar dados panutan sing sanes kudune
Mujane kelewatan
Nyanjung lan nginggilaken tiang-tiang mekoten kaya raja
Pada lomba angge niru sosok pengenggar
Nggawe badan tiang niku piyambek persis kaya curut ingkang tumut mbok e
Senadyan piyambakipun muja lan ngagungaken, ngluwihi piyambake anu ngagungaken GUSTI ALLAH
Nggawe piyambakipun lali ning hakekate minangka manungsa
Lan hakekat antar manungsa minangka makhluk sosial
Jalma duweni akal nanging boten diangge
Ndadosaken piyambakipun boten wonten bentene sareng SATOAN


2012



-->
Ahmad Syubbanuddin Alwy

REPUBLIK BAGONG

Sawise telungpuluh taun urip kaya mati disembur banaspati
getih bari banyumata kang gerememeng umeb ning segara ati
ngatonaken dedhemit lawas: wong-wong duwur pencilakan
wot-wot kreteg rayat reyot digejog-gejog cemera, kaing-kaingan
jegoge mbobok srengenge lapis pitu, mecah terowongane mata
sewu raksasa kemaruk mbeseti sededeg-sepengadeg mahkota
dalan-dalan kobong, kabeh werna kelebet lembayung bolong-bolong
jagat kaya mabok, gedong pemerentahan magrong-magrong dibopong

Hei, aja klalen aja kelawasen ira kabeh dadi lelembut wong kapiran
sing sejero sumur leng semut geni, suwara rayat bakal njerit ngelawan

Urip wis beli puguh: sengkuni, petruk, cakil, dorna lan kumbakarna
pada dadi topeng kunyuk, kukuluruk nampeki pipi rayat kang ngresula
njejaluk bari nggegayang lading, sikile nyerimpung, tangane nggunting
ngeramped jerowan, njambak rambut, ndondomi cangkeme kang sumbing
naleni ati kang geseng-rumpeng diungkebi wangwa, bobad lan sakwasangka
cengkeromed lan lenggarangan, mbladak-mbaladak mbobol lawang negara
edan separan-paran waras sekejap metra, pengeling-eling kaya obor blarak
kabeh persis jaran lumping, muter-muter kaya kemidi, kaya nginum arak

Hei, aja kadiran aja cengengesan ira kabeh dadi sesambat atie rayat
sing bunbune bayi kang masi suci, bakal ngerangseg wong sejagat

Sawise urip telungpuluh taun kaya rungseb dicukuli suket alang-alang
sekujur awak growak ngowak-ngawik, bumi lindu, srengenge njomplang
awit segara kang bengkah dadi gili naga, sukma sewaya-waya kaya ara-ara
bocah-bocah enom tawuran duwur wuwungan, nyengget layar dermaga
wakil rayate pada sampyong, sempoyongan nyembur-nyembur ngelindur
beli kelingan purwadaksina, kekirig ndeleng awe-awe tangan batur sedulur
nggelosor ning sorog-sorog gedong pemerentahan, nggegulat kaya rerawat
maesi raine dhewek, dadi wewe-gombel lan merkayangan edan keparat

Ayo, aja wedi aja cilik ati ning lelembut kang kudu dikumbah sumur pitu
ayo, tirakat-tetapa nguleni pikiran, ngopeni batin lan aja klalen: nggosok untu!

Cherbon, 2001.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

4 comments:

MuslimMN said...

Wong Jowo, sakwancine sampun titine mongso.
Njur podo baliko marang Kang Moho Murbomeseso.
Mlebeto ing dalem golongan kang angsal ridho.
Gusti Pengeran bakal miwales arupi surgo.

MuslimMN said...

Mbak Yanti blog kien gawe dewek belih? Lamon gawe dewek template go blog kien nganggo template sing apa? Kok bisa apik pisan. Kita glati sing model kaya kien bli nemu heheheh

Safanah Al-Khansa' Blog said...

nggih.. waduuhh lali aku template sing blog endi ya.. punten,hehe

MuslimMN said...

Oh yawis bli apa-apa, kita gawe blog modele kurdi (sukur dadi) hehehe www.pustakamuhibbin.blogspot.com

Post a Comment